Rabu, 16 Agustus 2017
Home »
Pidato terDakwah
» Contoh pidato hari kemerdekaan
Contoh pidato hari kemerdekaan
Sahabat dakwah bentar lagi kita mau memperingati hari kemerdekaan RI tercinta ini, mari kita tingkatkan rasa nasionalisme untuk mengahargai tetes darah para pahlawan indonesia. Maka dari itu mimin akan ngasih contoh ceramah atau pidato dengan tema "Hari Merdekaan RI" langsung aja pantengin :D
Assalamu'alaikum Wr. wb
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهُدَاهُ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ
Hadrotal mukhtaromin poro 'Alim Ulama' sesepuh pinisepuh ingkang tansah kulo mulyaaken
Wabil khusus dumateng panjenenganipun
RK. Mahfudz shiddiq al-hajj
Dumateng Bapak lurah ingkang kulo hormati
Lan dumateng sedoyo tamu undangan hadirin hadirat ingkang kulo hormati ugi.
Wonten kesempatan dalu puniko monggo kitho sesarengan muji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. ingkang sampun paring katah nikmat, rahmat soho sampun maringi badan ingkang sehat wal 'afiat, sahinggo kitho saget berangkat wonten majlis puniko ingkang khidmat lan insya'allah saget paring manfa'at. Amin yarobbal 'alamin
Sholawat soho salamipun Allah mugiyo tansah kaaturaken dumateng junjungan kitho nabi Muhammad SAW. nabi ingkang badhe paring syafaat dateng poro umat ingkang purun maos sholawat besok wonten yaumul qiyamat.
Poro rawuh ingkang berbahagia
Allah sampun paring katah nikmat dumateng poro kawulanipun akehe puol, kados dawuhipun Allah wonten Al-qur'an ingkang artosipun:
"Lan lamun siro ngitung nikmate Allah, mongko siro ora iso ngitung"
Sak niki kitho nembe meringati HUT RI ingkang kaping 72, indonesia sampun merdeka 72 tahun milai awet tanggal 17 agustus 1945 ngantos sak niki tanggal 17 agustus 2017. Jenengan sedoyo kedah ngatahaken anggenipun syukur, keranten mboten menangi zaman penjajahan, menawi njenengan purun ngimot-ngimot sejarah indonesia riyen niku mboten namong setunggal utowo kaleh ingkang jajah ananging wonten gangsal negoro cubi bayangke gangsal bu, setunggal mawon mpun rekasa lan nelongso nopo malih ngantos gangsal. Lha gangsal mau nopo mawon pak ? 1. Portugis 2. Spanyol 3. Inggris 4. Belanda 5. Jepang
Poro rawuh ingkang kulo hormati
Wau kan wonten gangsal sing setunggal kalih tigo niku kulo mboten ngertos sejarahe amargi mbah kulo mboten menangi dadine mboten wonten sing nyritane, tapi nek sing sekawan gangsal insyaallah rodok lumayan ngerti. Ngeten critane jarene ahli sejarah indonesia niku indonesia dijajah belanda selama 350 tahun, sak niki kito itung indonesia niku merdeka tahun 1945 berati indonesi mulai dijajah belanda awit tahun 1595. Padahal tahun niku mboten terjadi penjajahan, ananging wonten tiang jenenge Gornelis De Houtman, kapten kapal berbenda belanda sing pertama kali mendarat ten indonesia. Terus sing dadi pertanyaan sebenere kapan indonesia lan pinten tahun belanda jajah indonesia ? Niku sing perlu kitho goleki kebenerane
Iku mau Belanda sak niki Jepang, jepang njajah indonesia 3,5 tahun senajan 3,5 tahun ananging nelangsane ngeluwehi 350 tahun nek jenengan mboten ngandel saget takon mbahe jenengan. Tak paringi conto
kekejaman jepang niku saget dikelopokke dados tigo
1. Kerja paksa
katah tiang jaler ingkang dipun pekso kerjo dados romusha mboten namung sewu rongewu wong nanging ngantos atusan ewu, katah tiang mati saking mboten kuate.
2. Perampan Harta benda
sedoyo pangan, sandangan, dijalok jepang sahinggo katah tiang sing nganggo karung goni, trus nek weteng ngeleh mboten sing di maen kudu golek turahan mangane wong jepang ning tempat sampah niku mawon teseh kroyokan riyen.
3. Perkosaan lan perbudakan perempuan
sing niki mboten usah di jelaske aku yakin mpun dopaham piyambak.. :D
Poro rawuh ingkang kulo hormati
Kejawi saking meniko, kitho kedah matur suwun dumateng poro pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun berkorban jiwa raganipun. Tanpo poro pahlawan lan rahmat saking Allah menawi kitho sedoyo mboten ngraosaken kemerdekaan ngantos sak niki, kangge bales jasane poro pahlawan ingkang ageng monggo kitho dedungo dateng Allah mugi sedoyo pahlawan ingkang sampun gugur anggar panggenan ingkang sahe wonten ngarsanipun Allah SWT. amin allahumma amin
Mekaten ingkang saget kulo aturaken, menawi anggen kulo matur katah kekirangan soho kekhilafan kulo nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu'alaikum Wr.Wb
itulah penampakannya sobat bisa di edit sesuai selera dan kebutuhan sobat. Semoga bermanfaat .. Bye
0 komentar:
Posting Komentar